31.10.19

KUMPULAN CRITA CERKAK

              WONG CILIK DADI SUKSES
   
       Jaman semana, ana bocah sing sregep sekolah, bocahe jenenge yaiku kartoyono, kartoyono iku asale saka keluarga seng pas-pasan utawa kenek diarani kurang kecukupan, amarga iku kartoyono bingung, dheweke pengen nerusne sekolahe menyang kuliahan, tapi keadaane keluargane seng oda duwe dwite kanggo biaya kuliahe, banjur dheweke miker opo sing biso gawe biaya kuliah, kartoyono oleh ide dheweke mutusne yen kerjo dhisik banjur kuliah.
         Eling-eling dheweke lulusan SMK jurusan akuntansi, dheweke banjur ngelamar neng toko-toko, nasibe kartoyonp apik, kartoyono diterima ana toko komputer, kerjone dilakoni tenanan marang kartoyono, merga dheweke pengen cepet duwe biaya kanggo kuliahe, banjur sakwise kartoyono kerjo nek toko iku rong(2) taun suwine, kartoyono ngrasa yen kanggo biaya kuliah duwite wis cukup, banjur diputusake yen dheweke arep kuliah, njikuk jurusan akuntansi manajemen negara, perjuangane kartoyono ora mik teko sakmono, dheweke kerja sambi kuliah, kawit jam 07:00 sampek jam 15:00 gawe kerjo, banjur kuliahe jam 16:00 sampek jam 21:00, iku dilakoni saben dino.
       Kartoyono oda tau sambat amarga dhewek pengen dadi wong sukses yaiku cita-citane pengen dadi guru, saben dina dheweke mileh mlaku menyang kampuse, jarake kawit toko menyang kampus 15 menit mlakune, tapi dheweke miker tinimbang gawe ngojek luwih becih tigawe biaya kuliahe, ana dina pas kui dosene ngerti yen kartoyono kekurangan biaya kuliahe, dosene langsung mutusne yen biaya kuliahe kartoyono tigratisake utawa kenek diarani oleh beasiswa amarga kartoyono termasuk bocah seng pinter, krungu ngonokui kartoyono seneng banget mergane kartoyono oda perlu mikerne biaya kuliahe.
          Sakwise kuliah 4 tahun suwine, kartoyono pengen ngelamar dadi guru SMK , banjur dheweke nggolek lowongan kerja dadi guru seng ana nek sekolahan-sekolahan, dheweke nyoba ngelamar dadi guru nek sekolahan negeri, tapi nasibe kartoyono udong apik, kartoyono udong iso ketrima nek sekolahan iku, tapi kartoyono oda putus asa kartoyono nyoba ngelamar ana sekolahan SMK swasta , akhire kartoyono ketrima ana nek sekolahan iku, masio anak nek sekolahan swasta tapi kartoyono tetep bersyukur, amarga dheweke sadar dhisek dheweke asale saka wong cilik sampek saiki iso dadi wong sukses.
 
Dening ( Teguh widodo )


  



TRESNOKU KEPENGGAK RESTUNE  WONG TUA


         Dina kae tanggal 27 mei 2019 pas ulang taune ningsih dirayakne nek omahe karo ana acara buka bersama pas wektu dina poso romadhon, ningsih ngundang konco-koncone karo ngundang pacare seng jenenge pandwi, wektu iku bapake ningsih yo apik-apik wae karo pandwi.
         Sakwise acara kui maeng wes sampe lan konco-koncone karo pandwi wes muleh, ningsih diocehi pak jani seng neko-neko sampek ningsih nangis, ibu kaleh simbahe ora wani belani ningsih kui merga wedi karo pak jani, sawise kedadean koyo ngono maeng saben ningsih metu dolan karo pandwi mesti nang pak jani ditutne, tau kedadean wektu kae ningsih, parlah, karo tukilah ndelaok bal-balan lan nek kono ketemu karo pandwi, sawise ngono ningsih lungguh nek cedake pandwi lan pailah karo tukilah lungguh rodok adoh, ora suwi ngono pailah karo tukilah ngomong
" ning kae koyo bapakmu ! "
Ningsih kaget terus hp seng dicekel kui mau diguwak.
" yaallah tenan bapakku, gek piye iki? "
" uwes to ora popo andak adewe ora neko-neko ". Ucape pandwi
" iyo ning ora sah wedi ritek, ora lek dipadoni. " sambunge pailah.
Moro-moro pak jani teko lan nyedeki ningsih karo pandwi " westo terus-terusnp olehmu pacaran " ucape pak jani seng ora seneng.
Sakwise ngono pak jani muleh. Ningsih,pailah,tukilah, karo pandwi terus melu muleh merga wes wengi.
Pas nek parkiran ningsih omong "piye iki aku wedi arep mulih"
" westo ora-ora lek dipadoni " ucape pandwi, pailah karo tukilah.
Nek dalan ningsih eneke nangis wae merga wedi karo pak jani.
           Ora suwi ngunu ningsih teko ngomah, untunge ningsih ora sido dipadoni karo pak jani. Bu sariyem omong " wes ojo dibaleni eneh yo, iki seng keri kaline."
" nggih buk, ndak lek kula baleni maneh ". Ucape ningsih.
Dadi saiki ningsih ora tau ketemu maneh ambek pandwi merga wedi karo pak jani.

Dening : Sevi Setianengrum




TRESNOKU SING ORA KEBALES

            31 oktober 2008, angleboni tahun ajaran anyar SMK Mitra Bakti siap nompo murid anyar. Krono sekolah favorit lan terkenal mongko akeh murid saka daerah-daerah liya kang podo daftar menyang SMKN Mitra bakti.
           Arip lan riki kang kekancan saka SD ngantri saiki uga bareng-bareng daftar menyang SMKN Mitra Bakti kawit cilik kekancan arip lan riki ora kena dipisahno, Tapi kepercayan iso udar krono onone perselisihan.
           Kawiy arip lan riki kenal murid saka SMP AL-HUDA kang uga murid anyar SMKN Mitra Bakti. Sebut wae izzah, awet kui cerita tresnone arip lan riki dikawiti.
           Izzah seng duweni watak jawa tulen tur paras kearab-araban, wajar wae yen gawe arip lan riki kesemsem
           Toot..........toot......toot....lonceng wuni kaping 3 nandakno yen pelajaran wis rampung . Biasane arip mesti mbarengi rikk numpak motor butut tinggalan saka bapake arip. Tapi dino iko ora koyo biasane, arip ora mbarengi riki malah ngajak mulih bareng izzah.
           Kawit kui riki bendu marang arip krono riki uga nduweni roso tresno marang izzah, sakala kekancane arip lan riki bubrah.
           Riki ora gelem kalah karo arip. Sore, antarane jam 3 riki nekani omahe izzah, nyatakne yen riki ndueni rasa tresna marang izzah, urung sempet dijawab arip teko langsung njotos wetenge riki.
Arip   :  konco opo kowe iki, kowe ngerti yen aku tresno menyang izzah. La kok kowe  Malah ngrebut hak ku.
Riki   :  Hak opo maksudmu ?
        Aku yo nduwe roso tresno marang izzah.
Arip   :  yowes saiki ben izzah sing milih aku opo kowe.
Izzah  : sampean kabeh kui podo keblinger pikirane. Koncoan wis pirang-pirang tahun
        kok malah bubrah mung krono tresna, ora ileng to, biyen susah seneng mbok lakoni bareng-bareng , la saiki kok malah koyo ngono. Ak ora bakal mileh antarane sampean kabeh, krono aku wes duwe calon, jenenge " AKBAR ".
        Omongane izzah langsung nyadarake arip lan riki, yen kekancane luweh utomo tinimbang rasa tresnone sing garai kekancane bubar. Banjur arip lan riki podo-podp njaluk ngapura lan kekancan maneh koyo sing mbiyen.

(Dening : Wivio Azizah)
        




TRESNA ING PANDUNGA
       Ing wektu kasebut....aku ora sengaja ketemu karo wong liya , miturutku iku mung ketemu biasa kayata ing jaman kepungkur, nanging saya suwe, aku rumangsa seneng ketemu dhewek e lan uga sakbalike. Nganti ing sawijining dino, aku rumangsa kepenanak, aku seneng karo pribadine saka carane dhewek e ngrawat aku.
       Nganti ing sawijining wektu, dheweke ora ana warta amarga ana sing kedadeyan. Aku ngerti lan aku nyoba ngerteni. Lan ing sawijining dina pungkasane dhewek e menehi warta maneh . Dhewek e bali nanging beda banget nalika wiwit dipertemoni. Ing sawijining wektu . Aku nyoba wani takon marang dhewek e. Wangsulan lan ngakoni kabeh bedane, nanging aku nyoba nampa kabeh sebab akhire aku pasrah supaya ora meksa.
         Saiki aku mung bisa ngarep-arep marang gusti, uga ora mandek ndedonga ing sabej sujud nalika sholat, muga-muga dheweke bali kanthi tulus amarga aku percaya yen gusti ingkang maha kuasa iso ngowahi ati saben manungsa.
Nganti saiki, aku mung bisa tresna ing pandonga.

(Dening : Vika Ayu Lestari)


Kata kata motivasi dari kami :
"Kamu tidak perlu menjadi luar biasa untuk memulai, tapi kamu harus memulai untuk menjadi luar biasa.       

Saya menjual Bibit lidah buaya seharga Rp5.000. Ayo beli di Shopee! https://shopee.co.id/tokomurahbersahabat/7916459075/


Atau langsung lewat 
wa @ 0822257986691

@ BANGUNSARI GUYUB RUKUN {BGR}
@ SMK ISLAM PANGGUL
@ TEGUH MARCETING
@ XII-OTKP 5
@ fb_teguhwidodo
@ gmail_widodoteguh809@gmail.com

5 komentar: